Basa
Rinengga
Basa rinengga ngemu teges kaendahan, yaiku kaendahan
basa
utawa basa kang dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya
saengga dadi basa sing endah lan nresepke ati. Basa rinengga biasane digunakake
ing adicara formal utawa upacara adat kayata mantenan, wayangan, lsp. Basa rinengga jinise akeh, ananging sing dibeberake wektu iki yaiku Wangsalan, Paribasan, Bebasan, lan Saloka,
Purwakanthi, lan Panyandra.
1. Wangsalan.
Wangsalan
yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan.
Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan (jawaban). Ing sajrone
wangsalan ngemu unen-unen lan unen-unen mau mbutuhake wangsulan minangka
batangane.
Jenise wangsalan ana 3.
a. Wangsalan Padinan.
yaiku wangsalan kang dienggo
nalika guneman saben dina.
Tuladha:
1. wah, sajake lagi nglapa muda (Degan :
Dheg-dhegan)
b. Wangsalan kang rinacik ing ukara.
Tuladha:
Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti ( Bathok)
c. Wangsalan kang dumadi saka rong gatra.
Tuladha:
carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Ora gampang, wong urip ing alam donya.
(Carang wreksa : pang, wreksa wilis tanpa patra : wit
kayu urip)
2. Paribasan.
Paribasan
yaiku unen-unen kang wes gumathuk reracikane lan mawa teges tartamtu. Paribasan
ngemu teges pepindhan (saemper pasemon), kang disemoni sesambunganing manungsa
lan alam uripe.
Tuladha :
Busuk ketekuk, pinter keblinger : sing bodho lan pinter nemu cilaka kabeh.
Aji godhong garing : Barang kang ora ana regane.
3. Bebasan.
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu
surasa pepindhan. Kang dipindhakake kahanan utawa sipate wong.
Tuladha:
ngubak-ubak banyu bening : gawe rusuh ing papan tentrem.
Arep Jamure, emoh watange : Gelem kepenake lan ora gelem rekasane.
4. Saloka.
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges
entar, ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhakake yaiku wonge.
Tuladha:
kebo nusu gudhel : wong tuwo jaluk warah marang bocah.
ula marani gepuk : wong kang nyedhaki marang bebaya.
6. Tembung
Saroja.
Tembung Saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing
padha utawa meh padha dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane.
Tuladha:
Abang mbranang (abang banget), andhap asor (sopan banget), ajur mumur (ajur banget), gagah
prakosa (gagah banget).
7. Tembung
Entar/ Tembung Silihan (Kata Kiasan).
Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora salugune
(bermakna kiasan).
Tuladha:
- Lunyu Ilate, Dawa tangane, Weteng karet, Adus kringet, Manis Eseme.
8. Purwakanthi.
Ana 3 yaiku:
Purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru
basa/lumaksita.
a. Purwakanthi guru
swara yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting swarane, utawa bisa diartekne purwakanthi sing pengulangane mangggon ana ing mburi tembung/frasa lan sing diulang iku vokal. tuladha.
1. rata-rata padha lara mata.
2. witing tresna, jalaran saka kulina.
b. Purwakanthi guru
sastra yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting sastrane, utawa bisa diartekne purwakanthi kang pengulangane manggon ana ngarepe tembung. tuladha.
1. sluman, slumun,
slamet.
2. bobot, bibit, bebet.
3. Pak Kerta tuku kertu
dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep lewat kreteg Kertasono.
c. Purwakanthi guru
Basa/ lumaksita yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana
ngarep karo tembung sing ana mburine tuladha:
a. Nandhang lara,
larane wong lara lapa.
b. Rujak degan, degane
krambil ijo.
9. Panyandra
Tembung
panyandra asale saka tembung lingga candra, kang ateges rembulan, sasi,
gegambaran utawa crita ngenani samubarang apa wae mawa tembung maneka warna.
Panyandra ngemu teges unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa
tetandhingan sarta ngemu teges mirib utawa memper. Kang dicandra bab
becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahanane manungsa, kahanane kewan,
kahanane tetuwuhan, kahanane alam, lan sapiturute.
Tuladha:
a. Candra manungsa.
1. bangkekane nawon
kemit, tegese bangkekane endah, lan mirib karo bangkekane tawon kemit.
2. untunne miji timun,
tegese untune wanita ingaran endah, untu kasebut cilik kaya isine timun.
b. Candrane solah bawa.
1. Swarane
mbelah-mbelahna bumi, tegese swarane iku banter banget, kaya kaya bisa
mbelah bumi.
2. Tindhake nusup
ngayam alas, tegese tindhake utawa nyambut gawene ra nganggo leren, kaya
polahe pitik alas.
Menika kalawau materi babagan basa rinengga ingkang saget kula beberaken, mugi-mugi saget kagem tambahan ilmu.
Matur Nuwun.
Sumber:
1. Buku Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA
2. Bahan Ajar Lancar Basa Jawa
2. Bahan Ajar Lancar Basa Jawa
Sangat tolol
BalasHapusSangat terbantu👍👍
BalasHapus