SENGKALAN
Tembung “sengkalan” asale saka tembung “Sakakala”, yaiku angka taun wiwitan anane tahun saka tahun Indu. Dene sing diarani sengkalan yaiku unen-unen kang ateges taun. Sengkalan kang adhedhasar taun Jawa diarani “Candrasengkala”, dene sing adhedhasar tahun Masehi diarani “Suryasengkala”.
Ing wektu iki kang arep dirembug yaiku sengkalan lamba, yaiku sengkalan kang awujud unen-unen.
Tuladha carane nyurasa utawa negesi sengkalan:
a. Digoleki watak-watake tembunge.
b. Yen wis ketemu banjur diurut saka mburi mangarep, utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab.
Ular-ular kanggo nggoleki wataking tembung kang kanggo ing sengkalan kaya ngisor iki:
1. Watak das (0)
Tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana, suwung, ilang, langit, utawa dhuwur.
Tuladha: ilang, musna, sirna, langit, akasa, tawang, nenga, luhur, duwur, lsp.
2. Watak siji. (1)
Yaiku peranganing awak kang cacahe mung siji, uwong, apa-apa kang cacahe mung siji, barang kang awangun bunder.
Tuladha: Tunggal, Siji, Nyawiji, Sujana, Jalma, Wong, Nabi, Maha, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Raja, lsp.
3. Watak loro. (2)
Yaiku tembung-tembung kang ateges loro, apa-apa kang cacahe mung loro, tembung-tembung kang nuduhake kriyane apa-apa kang cacahe ana loro.
Tuladha: Kalih, Dwi, Asta, Netra, Tingal, Paningal, Kembar, Swiwi, Apasang, Sungu, lsp.
4. Watak telu. (3)
Yaiku geni utawa dasanamane geni, dasanamane tembung “telu”.
Tuladha: Tiga, Tri, Geni, Agni, Murub, Yudha, Perang, lsp.
5. Watak papat. (4)
Yaiku banyu, barang kang isine banyu, tembung-tembung kang ateges “gawe”.
Tuladha: Papat, Catur, Wahana, Suci, Wening, Nadi, Toya, Samodra, lsp.
6. Watak lima. (5)
Yaiku bangsane buta, bangsane gaman (panah), bangsane angin.
Tuladha: Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Gaman, Panah, Pusaka, Landhep, Maruta, Samirana, Angin, Bayu.
7. Watak enem. (6)
Yaiku tembung kang ateges rasa, tembung kang ngemu surasa obah, kang ateges kayu.
Tuladha: Nem, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Lindhu, Wayang, lsp.
8. Watak pitu. (7)
Yaiku bangsane pandhita, dasanamane jaran, dasanamane gunung.
Tuladha: Sapta, Giri, Arga, Gunung, Pandhita, Resi, Tunggang, Turangga, Kuda, Jaran, lsp.
9. Watak wolu. (8)
Yaiku dasanamane gajah, bangsane kewan rumangkang (reptil)
Tuladha: Wolu, Ula, Naga, Dwipa, Bajul, Dwipangga, gajah, Esthi, lsp.
10. Watak sanga. (9)
Yaiku dewa, tembung-tebung kang ateges bolong, dasanamane kembang.
Tuladha: Sanga, Dewa, Nawa, Sang, Lawang, Gapura, Ambuka, Puspa, Kusuma, lsp.
Sing katulis ana ing dhuwur yaiku watak-watake angka lan tuladha tembunge. Saiki sumangga nyoba negesi Sengkalan.
1. Lungiding Wasita Ambuka Bawana
Tembung Lungid tegese landhep, sing dikarepake yaiku gaman. Gaman duwe watak 5.
Tembung Wasita tegese pitutur jati, sing gegayutane karo pandhita. Pandhita duwe watak 7.
Tembung Ambuka tegese lawang. Lawang duwe watak 9.
Tembung Bawana ateges Bumi. Bumi duwe watak 1.
Dadi, tembung “Lungiding Wasita Ambuka Bawana” tegese padha karo taun 1975.
Namung niku materi babagan “Sengkalan” ingkang saget kula jlentrehake, mugi-mugi saget kagem tambahan ilmu.
Matur Nuwun.
Sumber.
1. Buku Wiyata Basa Kanggo SMA/SMK/MA.
2. Bahan Ajar Lancar Basa Jawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar