Rabu, 09 Maret 2016

Materi Basa Rinengga

Basa Rinengga

Basa rinengga ngemu teges kaendahan, yaiku kaendahan basa utawa basa kang dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nresepke ati. Basa rinengga biasane digunakake ing adicara formal utawa upacara adat kayata mantenan, wayangan, lsp. Basa rinengga jinise akeh, ananging sing dibeberake wektu iki yaiku Wangsalan, Paribasan, Bebasan, lan Saloka, Purwakanthi, lan Panyandra.

1. Wangsalan.
            Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan. Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan (jawaban). Ing sajrone wangsalan ngemu unen-unen lan unen-unen mau mbutuhake wangsulan minangka batangane.
Jenise wangsalan ana 3.
a. Wangsalan Padinan. yaiku wangsalan kang dienggo nalika guneman saben dina.
Tuladha:
1. wah, sajake lagi nglapa muda (Degan : Dheg-dhegan)

b. Wangsalan kang rinacik ing ukara.
Tuladha:
Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti ( Bathok)

c. Wangsalan kang dumadi saka rong gatra.
Tuladha:
carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Ora gampang, wong urip ing alam donya.
(Carang wreksa : pang, wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip)

2. Paribasan.
            Paribasan yaiku unen-unen kang wes gumathuk reracikane lan mawa teges tartamtu. Paribasan ngemu teges pepindhan (saemper pasemon), kang disemoni sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Tuladha :
Busuk ketekuk, pinter keblinger : sing bodho lan pinter nemu cilaka kabeh.
Aji godhong garing : Barang kang ora ana regane.

3. Bebasan.
            Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kahanan utawa sipate wong.
Tuladha:
ngubak-ubak banyu bening : gawe rusuh ing papan tentrem.
Arep Jamure, emoh watange : Gelem kepenake lan ora gelem rekasane.

4. Saloka.
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhakake yaiku wonge.
Tuladha:
kebo nusu gudhel : wong tuwo jaluk warah marang bocah.
ula marani gepuk : wong kang nyedhaki marang bebaya.

6. Tembung Saroja.
Tembung Saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane.
Tuladha:
Abang mbranang (abang banget), andhap asor (sopan banget), ajur mumur (ajur banget), gagah prakosa (gagah banget).

7. Tembung Entar/ Tembung Silihan (Kata Kiasan).
Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora salugune (bermakna kiasan).
Tuladha:
  1. Lunyu Ilate, Dawa tangane, Weteng karet, Adus kringet, Manis Eseme.
8. Purwakanthi.
Ana 3 yaiku: Purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru basa/lumaksita.

a. Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting swarane, utawa bisa diartekne purwakanthi sing pengulangane mangggon ana ing mburi tembung/frasa lan sing diulang iku vokal. tuladha.
    1. rata-rata padha lara mata.
    2. witing tresna, jalaran saka kulina.

b. Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting sastrane, utawa bisa diartekne purwakanthi kang pengulangane manggon ana ngarepe tembung. tuladha.
1. sluman, slumun, slamet.
2. bobot, bibit, bebet.
3. Pak Kerta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep lewat kreteg Kertasono.

c. Purwakanthi guru Basa/ lumaksita yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine tuladha:
a. Nandhang lara, larane wong lara lapa.
b. Rujak degan, degane krambil ijo.

9. Panyandra
Tembung panyandra asale saka tembung lingga candra, kang ateges rembulan, sasi, gegambaran utawa crita ngenani samubarang apa wae mawa tembung maneka warna. Panyandra ngemu teges unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirib utawa memper. Kang dicandra bab becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahanane manungsa, kahanane kewan, kahanane tetuwuhan, kahanane alam, lan sapiturute.
Tuladha:

a. Candra manungsa.
1. bangkekane nawon kemit, tegese bangkekane endah, lan mirib karo bangkekane tawon kemit.
2. untunne miji timun, tegese untune wanita ingaran endah, untu kasebut cilik kaya isine timun.

b. Candrane solah bawa.
1. Swarane mbelah-mbelahna bumi, tegese swarane iku banter banget, kaya kaya bisa mbelah bumi.
2. Tindhake nusup ngayam alas, tegese tindhake utawa nyambut gawene ra nganggo leren, kaya polahe pitik alas.

Menika kalawau materi babagan basa rinengga ingkang saget kula beberaken, mugi-mugi saget kagem tambahan ilmu.

Matur Nuwun.

Sumber:
1. Buku Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA
2. Bahan Ajar Lancar Basa Jawa

Jumat, 04 Maret 2016

Sengkalan Lamba

SENGKALAN 

Tembung “sengkalan” asale saka tembung “Sakakala”, yaiku angka taun wiwitan anane tahun saka tahun Indu. Dene sing diarani sengkalan yaiku unen-unen kang ateges taun. Sengkalan kang adhedhasar taun Jawa diarani “Candrasengkala”, dene sing adhedhasar tahun Masehi diarani “Suryasengkala”. 

Ing wektu iki kang arep dirembug yaiku sengkalan lamba, yaiku sengkalan kang awujud unen-unen. Tuladha carane nyurasa utawa negesi sengkalan: 
a. Digoleki watak-watake tembunge. 
b. Yen wis ketemu banjur diurut saka mburi mangarep, utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. 

Ular-ular kanggo nggoleki wataking tembung kang kanggo ing sengkalan kaya ngisor iki: 

1. Watak das (0) 
Tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana, suwung, ilang, langit, utawa dhuwur. 
Tuladha: ilang, musna, sirna, langit, akasa, tawang, nenga, luhur, duwur, lsp.
2. Watak siji. (1) 
Yaiku peranganing awak kang cacahe mung siji, uwong, apa-apa kang cacahe mung siji, barang kang awangun bunder. 
Tuladha: Tunggal, Siji, Nyawiji, Sujana, Jalma, Wong, Nabi, Maha, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Raja, lsp. 
3. Watak loro. (2) 
Yaiku tembung-tembung kang ateges loro, apa-apa kang cacahe mung loro, tembung-tembung kang nuduhake kriyane apa-apa kang cacahe ana loro. 
Tuladha: Kalih, Dwi, Asta, Netra, Tingal, Paningal, Kembar, Swiwi, Apasang, Sungu, lsp. 
4. Watak telu. (3) 
Yaiku geni utawa dasanamane geni, dasanamane tembung “telu”. 
Tuladha: Tiga, Tri, Geni, Agni, Murub, Yudha, Perang, lsp. 
5. Watak papat. (4) 
Yaiku banyu, barang kang isine banyu, tembung-tembung kang ateges “gawe”. 
Tuladha: Papat, Catur, Wahana, Suci, Wening, Nadi, Toya, Samodra, lsp. 
6. Watak lima. (5) 
Yaiku bangsane buta, bangsane gaman (panah), bangsane angin. 
Tuladha: Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Gaman, Panah, Pusaka, Landhep, Maruta, Samirana, Angin, Bayu. 
7. Watak enem. (6) 
Yaiku tembung kang ateges rasa, tembung kang ngemu surasa obah, kang ateges kayu. 
Tuladha: Nem, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Lindhu, Wayang, lsp. 
8. Watak pitu. (7) 
Yaiku bangsane pandhita, dasanamane jaran, dasanamane gunung. 
Tuladha: Sapta, Giri, Arga, Gunung, Pandhita, Resi, Tunggang, Turangga, Kuda, Jaran, lsp. 
9. Watak wolu. (8) 
Yaiku dasanamane gajah, bangsane kewan rumangkang (reptil) 
Tuladha: Wolu, Ula, Naga, Dwipa, Bajul, Dwipangga, gajah, Esthi, lsp. 
10. Watak sanga. (9) 
Yaiku dewa, tembung-tebung kang ateges bolong, dasanamane kembang. 
Tuladha: Sanga, Dewa, Nawa, Sang, Lawang, Gapura, Ambuka, Puspa, Kusuma, lsp. 

Sing katulis ana ing dhuwur yaiku watak-watake angka lan tuladha tembunge. Saiki sumangga nyoba negesi Sengkalan. 

1. Lungiding Wasita Ambuka Bawana 

 Tembung Lungid tegese landhep, sing dikarepake yaiku gaman. Gaman duwe watak 5. 
 Tembung Wasita tegese pitutur jati, sing gegayutane karo pandhita. Pandhita duwe watak 7. 
 Tembung Ambuka tegese lawang. Lawang duwe watak 9. 
 Tembung Bawana ateges Bumi. Bumi duwe watak 1. 

Dadi, tembung “Lungiding Wasita Ambuka Bawana” tegese padha karo taun 1975. 

Namung niku materi babagan “Sengkalan” ingkang saget kula jlentrehake, mugi-mugi saget kagem tambahan ilmu. 

Matur Nuwun. 

Sumber. 
1. Buku Wiyata Basa Kanggo SMA/SMK/MA. 
2. Bahan Ajar Lancar Basa Jawa.