Rabu, 09 Maret 2016

Materi Basa Rinengga

Basa Rinengga

Basa rinengga ngemu teges kaendahan, yaiku kaendahan basa utawa basa kang dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nresepke ati. Basa rinengga biasane digunakake ing adicara formal utawa upacara adat kayata mantenan, wayangan, lsp. Basa rinengga jinise akeh, ananging sing dibeberake wektu iki yaiku Wangsalan, Paribasan, Bebasan, lan Saloka, Purwakanthi, lan Panyandra.

1. Wangsalan.
            Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan. Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan (jawaban). Ing sajrone wangsalan ngemu unen-unen lan unen-unen mau mbutuhake wangsulan minangka batangane.
Jenise wangsalan ana 3.
a. Wangsalan Padinan. yaiku wangsalan kang dienggo nalika guneman saben dina.
Tuladha:
1. wah, sajake lagi nglapa muda (Degan : Dheg-dhegan)

b. Wangsalan kang rinacik ing ukara.
Tuladha:
Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti ( Bathok)

c. Wangsalan kang dumadi saka rong gatra.
Tuladha:
carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Ora gampang, wong urip ing alam donya.
(Carang wreksa : pang, wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip)

2. Paribasan.
            Paribasan yaiku unen-unen kang wes gumathuk reracikane lan mawa teges tartamtu. Paribasan ngemu teges pepindhan (saemper pasemon), kang disemoni sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Tuladha :
Busuk ketekuk, pinter keblinger : sing bodho lan pinter nemu cilaka kabeh.
Aji godhong garing : Barang kang ora ana regane.

3. Bebasan.
            Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kahanan utawa sipate wong.
Tuladha:
ngubak-ubak banyu bening : gawe rusuh ing papan tentrem.
Arep Jamure, emoh watange : Gelem kepenake lan ora gelem rekasane.

4. Saloka.
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhakake yaiku wonge.
Tuladha:
kebo nusu gudhel : wong tuwo jaluk warah marang bocah.
ula marani gepuk : wong kang nyedhaki marang bebaya.

6. Tembung Saroja.
Tembung Saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane.
Tuladha:
Abang mbranang (abang banget), andhap asor (sopan banget), ajur mumur (ajur banget), gagah prakosa (gagah banget).

7. Tembung Entar/ Tembung Silihan (Kata Kiasan).
Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora salugune (bermakna kiasan).
Tuladha:
  1. Lunyu Ilate, Dawa tangane, Weteng karet, Adus kringet, Manis Eseme.
8. Purwakanthi.
Ana 3 yaiku: Purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru basa/lumaksita.

a. Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting swarane, utawa bisa diartekne purwakanthi sing pengulangane mangggon ana ing mburi tembung/frasa lan sing diulang iku vokal. tuladha.
    1. rata-rata padha lara mata.
    2. witing tresna, jalaran saka kulina.

b. Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting sastrane, utawa bisa diartekne purwakanthi kang pengulangane manggon ana ngarepe tembung. tuladha.
1. sluman, slumun, slamet.
2. bobot, bibit, bebet.
3. Pak Kerta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep lewat kreteg Kertasono.

c. Purwakanthi guru Basa/ lumaksita yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine tuladha:
a. Nandhang lara, larane wong lara lapa.
b. Rujak degan, degane krambil ijo.

9. Panyandra
Tembung panyandra asale saka tembung lingga candra, kang ateges rembulan, sasi, gegambaran utawa crita ngenani samubarang apa wae mawa tembung maneka warna. Panyandra ngemu teges unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirib utawa memper. Kang dicandra bab becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahanane manungsa, kahanane kewan, kahanane tetuwuhan, kahanane alam, lan sapiturute.
Tuladha:

a. Candra manungsa.
1. bangkekane nawon kemit, tegese bangkekane endah, lan mirib karo bangkekane tawon kemit.
2. untunne miji timun, tegese untune wanita ingaran endah, untu kasebut cilik kaya isine timun.

b. Candrane solah bawa.
1. Swarane mbelah-mbelahna bumi, tegese swarane iku banter banget, kaya kaya bisa mbelah bumi.
2. Tindhake nusup ngayam alas, tegese tindhake utawa nyambut gawene ra nganggo leren, kaya polahe pitik alas.

Menika kalawau materi babagan basa rinengga ingkang saget kula beberaken, mugi-mugi saget kagem tambahan ilmu.

Matur Nuwun.

Sumber:
1. Buku Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA
2. Bahan Ajar Lancar Basa Jawa

Jumat, 04 Maret 2016

Sengkalan Lamba

SENGKALAN 

Tembung “sengkalan” asale saka tembung “Sakakala”, yaiku angka taun wiwitan anane tahun saka tahun Indu. Dene sing diarani sengkalan yaiku unen-unen kang ateges taun. Sengkalan kang adhedhasar taun Jawa diarani “Candrasengkala”, dene sing adhedhasar tahun Masehi diarani “Suryasengkala”. 

Ing wektu iki kang arep dirembug yaiku sengkalan lamba, yaiku sengkalan kang awujud unen-unen. Tuladha carane nyurasa utawa negesi sengkalan: 
a. Digoleki watak-watake tembunge. 
b. Yen wis ketemu banjur diurut saka mburi mangarep, utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. 

Ular-ular kanggo nggoleki wataking tembung kang kanggo ing sengkalan kaya ngisor iki: 

1. Watak das (0) 
Tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana, suwung, ilang, langit, utawa dhuwur. 
Tuladha: ilang, musna, sirna, langit, akasa, tawang, nenga, luhur, duwur, lsp.
2. Watak siji. (1) 
Yaiku peranganing awak kang cacahe mung siji, uwong, apa-apa kang cacahe mung siji, barang kang awangun bunder. 
Tuladha: Tunggal, Siji, Nyawiji, Sujana, Jalma, Wong, Nabi, Maha, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Raja, lsp. 
3. Watak loro. (2) 
Yaiku tembung-tembung kang ateges loro, apa-apa kang cacahe mung loro, tembung-tembung kang nuduhake kriyane apa-apa kang cacahe ana loro. 
Tuladha: Kalih, Dwi, Asta, Netra, Tingal, Paningal, Kembar, Swiwi, Apasang, Sungu, lsp. 
4. Watak telu. (3) 
Yaiku geni utawa dasanamane geni, dasanamane tembung “telu”. 
Tuladha: Tiga, Tri, Geni, Agni, Murub, Yudha, Perang, lsp. 
5. Watak papat. (4) 
Yaiku banyu, barang kang isine banyu, tembung-tembung kang ateges “gawe”. 
Tuladha: Papat, Catur, Wahana, Suci, Wening, Nadi, Toya, Samodra, lsp. 
6. Watak lima. (5) 
Yaiku bangsane buta, bangsane gaman (panah), bangsane angin. 
Tuladha: Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Gaman, Panah, Pusaka, Landhep, Maruta, Samirana, Angin, Bayu. 
7. Watak enem. (6) 
Yaiku tembung kang ateges rasa, tembung kang ngemu surasa obah, kang ateges kayu. 
Tuladha: Nem, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Lindhu, Wayang, lsp. 
8. Watak pitu. (7) 
Yaiku bangsane pandhita, dasanamane jaran, dasanamane gunung. 
Tuladha: Sapta, Giri, Arga, Gunung, Pandhita, Resi, Tunggang, Turangga, Kuda, Jaran, lsp. 
9. Watak wolu. (8) 
Yaiku dasanamane gajah, bangsane kewan rumangkang (reptil) 
Tuladha: Wolu, Ula, Naga, Dwipa, Bajul, Dwipangga, gajah, Esthi, lsp. 
10. Watak sanga. (9) 
Yaiku dewa, tembung-tebung kang ateges bolong, dasanamane kembang. 
Tuladha: Sanga, Dewa, Nawa, Sang, Lawang, Gapura, Ambuka, Puspa, Kusuma, lsp. 

Sing katulis ana ing dhuwur yaiku watak-watake angka lan tuladha tembunge. Saiki sumangga nyoba negesi Sengkalan. 

1. Lungiding Wasita Ambuka Bawana 

 Tembung Lungid tegese landhep, sing dikarepake yaiku gaman. Gaman duwe watak 5. 
 Tembung Wasita tegese pitutur jati, sing gegayutane karo pandhita. Pandhita duwe watak 7. 
 Tembung Ambuka tegese lawang. Lawang duwe watak 9. 
 Tembung Bawana ateges Bumi. Bumi duwe watak 1. 

Dadi, tembung “Lungiding Wasita Ambuka Bawana” tegese padha karo taun 1975. 

Namung niku materi babagan “Sengkalan” ingkang saget kula jlentrehake, mugi-mugi saget kagem tambahan ilmu. 

Matur Nuwun. 

Sumber. 
1. Buku Wiyata Basa Kanggo SMA/SMK/MA. 
2. Bahan Ajar Lancar Basa Jawa.

Jumat, 12 Februari 2016

Contoh RPP Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Pada kesempatan kali ini, saya akan berbagi tentang contoh Rencana Pelaksanaan Pembelajaran atau RPP Bahasa Jawa Kurikulum 2013

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN ( RPP )
TAHUN PELAJARAN : 2015 / 2016


Sekolah                                   : 
Mata Pelajaran                        :  Bahasa Jawa
Kelas  / Semester                     :  X / I ( Gasal )
Alokasi waktu                         : 4 jam (2 x pertemuan )
                                     
A.    Kompetensi Inti 
1.      Menerima, menjalankan, dan menghargai ajaran agama yang dianutnya.
2.      Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, dan percaya diri dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, guru, dan tetangganya.
3.      Memahami pengetahuan faktual dengan cara mengamati (mendengar, melihat, membaca) dan menanya berdasarkan rasa ingin tahu tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah dan di sekolah.
4.      Menyajikan pengetahuan faktual dalam bahasa yang jelas, sistematis dan logis, dalam karya yang estetis, dalam gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia
B.     Kompetensi Dasar
1.1.Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugrah Tuhan Yang Maha Esa untuk meningkatkan pengetahuan dan ketrampilan bahasa daerah, serta untuk melestarikan dan mengembangkan budaya daerah untuk didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan pengembangan kebudayaan Nasional.
2.3  Menunjukkan perilaku jujur, tangung jawab, dan disiplin dalam menggunakan bahasa daerah untuk menunjukkan tahapan dan langkah kegiatan yang telah ditemukan.
3.1  Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks nonsastra (artikel, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis.
4.1  Menginterpretasi, menanggapi dan mengekspresikan isi teks nonsastra  secara lisan dan tulis.
C.    Indikator Pencapaian Kompetensi :
3.1.1        Menjelaskan struktur artikel
3.1.2        Menjelaskan jenis artikel
4.1.1        Membaca ekspresif teks artikel
4.1.2        Meringkas artikel
D.    Tujuan Pembelajaran.
Setelah proses pembelajaran siswa didik bisa :
1.      Menjelaskan struktur artikel
2.      Menjelaskan jenis artikel
3.      Membaca ekspresif teks artikel
4.      Meringkas artikel
E.     Materi  Pembelajaran 
Materi Fakta :
1.      Teks artikel tentang lingkungan hidup
2.      Teks artikel tentang nresnani lingkungan hidup.
Materi Konsep :
Jenise Artikel
a.       Jenis miturut isine, yaiku:
1.      Deskripsi
2.      Narasi
3.      Argumentasi
4.      Eksposisi
5.      Persuasi
b.      Jenise artikel miturut cara nyampekake lan tingkat kesulitan kaperang dadi 4, yaiku:
1.      Artikel praktis
2.      Artikel ringan
3.      Artikel halaman opini
4.      Artikel analisis ahli
Materi Prosedur :
Struktur Artikel :
Langkah-langkah penyusunan artikel yaitu.
Ø  Temtokna tema kang bakal ditulis
Ø  Judul bisa ditemtokake disik, bisa uga ditemtokne ing mburi
Ø  Nyusun alenia kang kapisan
Ø  Tema diandharake ing alenia-alenia
Ø  Gaya penulisan uga digatekake
Ø  Golek data utawa referensi kang ana gegayutane karo babagan sing arep ditulis
Ø  Gawe dudutan ing alenia pungkasan utawa panutup.
F.     Pendekatan, Model, dan Metode.
Pendekatan                     :
Model Pembelajaran       :
Metode                           :
G.    Langkah- langkah Kegiatan Pembelajaran :
1.       Pertemuan Pertama  : ( 2 JP)
a.       Kegiatan Pendahuluan ( 15 menit )
1.      Mengucapkan salam
2.      Memeriksa absensi siswa
3.      Apersepsi dengan member gambaran tentang artikel berbahasa Jawa
4.      Memotivasi dan mengarahkan siswa didik pada waktu pelajaran.
5.      Menginformasikan kompetensi dasar yang harus dicapai dalam kegiatan belajar mengajar beserta indikatornya.
b.      Kegiatan Inti ( 60 menit )
1.      Mengamati
Peserta didik membaca artikel dan mencermati  struktur artikel..
2.      Menanya
Peserta didik bertanya jawab tentang struktur artikel dan jenis artikel.
3.      Mengumpulkan Informasi
Peserta didik mencari informasi tentang struktur artikel dari berbagai sumber.
4.      Mengasosiasi
Peserta didik  membandingkan jenis artikel dari berbagai sumber.
5.      Mengkomunikasikan
Peserta didik menyampaikan tanggapan tentang isi artikel
c.       Kegiatan Penutup ( 15 menit )
1.      Peserta didik bersama pendidik menyimpulkan hasil pelajaran
2.      Pendidik memberikan post test sebagai refleksi dari pembelajaran yang telah dilaksanakan.
3.      Pendidik memberikan pengertian tentang materi pelajaran yang akan dipelajari pertemuan berikutnya serta memberikan tugas kepada peserta didik untuk dikerjakan dirumah.
2.      Pertemuan kedua
a.       Kegiatan Pendahuluan ( 15 menit )
1.      Mengucapkan salam
2.      Memeriksa absensi siswa
3.      Apersepsi dengan menanya siswa tentang materi pada pertemuan sebelumnya.
4.      Memotivasi dan mengarahkan siswa didik pada waktu pelajaran.
5.      Menginformasikan kompetensi dasar yang harus dicapai dalam kegiatan belajar mengajar beserta indikatornya.
b.      Kegiatan Inti ( 60 menit )
1.      Mengamati
Peserta didik mencermati  jenis artikel.
2.      Menanya
Peserta didik bertanya jawab tentang jenis artikel.
3.      Mengumpulkan Informasi
Peserta didik mencari informasi tentang jenis artikel dari berbagai sumber.
4.      Mengasosiasi
Peserta didik  membandingkan jenis artikel dari berbagai sumber.
5.      Mengkomunikasikan
Peserta didik menyampaikan tanggapan tentang isi artikel.
c.       Kegiatan Penutup ( 15 menit )
1.      Peserta didik bersama pendidik menyimpulkan hasil pelajaran
2.      Pendidik memberikan post test sebagai refleksi dari pembelajaran yang telah dilaksanakan.
3.      Pendidik memberikan pengertian tentang materi pelajaran yang akan dipelajari pertemuan berikutnya serta memberikan tugas kepada peserta didik untuk dikerjakan dirumah.
H.    Penilaian, Pembelajaran, Remidiasi dan Pengayahan.
1. Teknik Penilaian:
Ø  KD 3.1 : Tes tulis
Ø  KD 4.1 : Unjuk Kerja.
Ø  Sikap : Observasi.

1.      Teknik Penilaian
a.       Nilai sikap
No
Aspek yang dinilai
Teknik Penilaian
Waktu Penilaian
Instrumen Penilaian
Keterangan
1.
Religius
Pengamatan
Proses

Lembar Pengamatan
Hasil penilaian nomor 1 dan 2 untuk masukan pembinaan dan informasi bagi Guru Agama dan Guru PKn

b.      Nilai pengetahuan
Penilaian Pengetahuan dan Keterampilan
Indikator Pencapaian Kompetensi
Teknik Penilaian
Bentuk Penilaian
Instrumen
Mengetahui struktur artikel
Tes tertulis
Isian
1.  Andharna nggunakake basamu dhewe ngenani struktur sawijining artikel!
Mengetahui ciri-ciri artikel
Tes tertulis
Isian
2.      Andharna titikan kang diduweni artikel!
Menganalisis teks artikel
Unjuk kerja
Keterampilan tertulis
3. Saka artikel kang wis kowaca, coba tintingana apa wis nduweni struktur lan titikan kang kudune diduweni dening artikel!
Menyimpulkan dan menanggapi artikel dilihat dari teknik pembacaan artikel
Unjuk kerja
Keterampilan tertulis
4.Adhedhasar artikel kang kodeleng, coba duduten lan wenehana tanggapan saka teknik pamacane!
Membacakan artikel yang telah dibuat dengan mimik dan intonasi yang tepat
Unjuk kerja
Ketrampilan berbicara
5.      Wacanen artikel kang kogawe kasebut kanthi teknik pamacan kang bener!

2.      Instrumen Penilaian
1.      Penilaian sikap

Lembar Pengamatan Sikap
Kelas                               : ……………………….
Hari, tanggal                   : ……………………….
Kompetensi Dasar          : ……………………….

No
Nama Peserta Didik
Sikap
Keterangan
Jujur
Disiplin
Tanggung Jawab
Toleransi
Gotong Royong
Santun
Percaya Idris









































Keterangan Penskoran :
4=  apabila selalu konsisten menunjukkan sikap sesuai aspek sikap
3= apabila sering konsisten menunjukkan sikap sesuai aspeksikap dan kadang-kadangtidak sesuai aspek sikap
2= apabila kadang-kadang konsisten menunjukkan sikap sesuai aspek sikapdan sering tidak sesuai aspek sikap
1=   apabila tidak pernah konsisten menunjukkan sikap sesuai aspek sikap

Contoh Materi.
Teks Artikel.
Kenduren wis arep ilang?
                 Saperangan ahli mastani, agamane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran Kendhuren. Kendhuren, ora beda pokoking ibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh perkara kang ana gandheng cenenge karo alkuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti tekan matine, kalebu prastawa liyane, kayata nggawe omah, lulus sekolah, ketampa nyambut gawe, kudu dikendhureni. Upacara kenduren mono ancase kanggo nggayuh keselametan. Muga kenduren uga kasebut slametan. Wong kang wus ngelaksanani upacara wujud kendhuren mau, adate banjur rada ayem lan tentrem atine. Pancen kabeh mau gumantung kapiyatan pribadhine dhewe-dhewe.
              Miturut Heru Satoto (1991), kendhuren iku kalebu perangan tindakan simbolis tumrape wong Jawa kanggo memuji lan nggayuh keslametan. Apa kang dadi tatacara, ubarampe lan langkunging upacarakendhuren sejatine mung medhia simbolis kanggo nglairake pepinginan utawa panyuwun marang Dzat Kang Luwih Kuwasa. Dadi, yen ditelusuri tenan, kendhuren ikunkalebu wujuding ibadah tumraping wong Jawa kang ngelaksanani upacara mau, dadi kaya dene donga.

Tes Uraian.
1.      Apa tema saka artikel ing dhuwur?
2.      Apa amanat kang iso dijupuk saka artikel ing dhuwur?
3.      Ringkesen artikel mawa bahasamu dhewe!
Kunci Jawaban.
1.      Sejarah Kendhurenan ing Jawa.
2.      Upacara kendhurenan kudu tetep dilestarekake supaya ora ilang, amarga iku kalebu salah sawijine upacara/ibadah wong Jawa kanggo ngucapake raos syukur marang Gusti Ingkang Maha Agung.
3.      Artikel iki nyritakake babagan Kendhurenan ing Jawa kang wus meh ilang. Kendhurenan yaiku salah sawijining wujud ibadah e wong Jawa kanggo ngonjukaken raos syukur marang Gusti Ingkang Maha Kuasa saka rejeki kang wus diparingake.
Rubrik Penilaian memahami teks Artikel berbahasa Jawa.
No.
Aspek
Deskripsi
Skor
1.
Struktur Isi
a.       Menemukan tema artikel secara benar.
b.      Menemukan tema artikel kurang lengkap beserta penjelasan.
c.       Menemukan tema teks artikel tanpa disertai bukti
d.      Belum menemukan tema artikel.
4
3

2

1
2.
Jenis Artikel
a.       Menemukan jenis artikel secara benar disertai penjelasan.
b.      Menemukan Jenis artikel tanpa penjelasan.
c.       Belum bisa menemukan jenis artikel.
4

3

1

3.
Meringkas Artikel
a.       Bisa meringkas isi artikel dengan tepat
b.      Mampu meringkas artikel namun isinya kurang benar.
c.       Belum mampu meringkas artikel.
4
3

2

I.       Media/alat, Bahan, dan Sumber Belajar
1.      Media/alat
a.       Buku LKS
b.      LCD
c.       Teks Artikel
2.      Bahan
a.       Teks artikel “Kendhurenan, Apa Wis Arep Ilang?”
3.      Sumber Belajar



Demikian contoh RPP Bahasa Jawa untuk SMA/SMK/MA. Semoga bermanfaat......